Babad Wedhi Pasisir


Sorene sing jinggagi
Wenne wengi biru
Kembang pandhan mesem marang mbulan
Tangane ngawe-awe sajak kemayu
Apa hiya iki dayane layang atimu
Sing jare bakal ditulis kalane ijen
Lan sendhang mung amping-ampingan jendhela
Sing wengi iki isih panggah binuka
Biyen aku nate apal gojegmu
Kepiye nalika bingung ndedher segegem guritan
Ing lemah sawung pinggire taman
Ora ketang mbalang liring sambi mungkar
Nyamudana wingkis sakehing kekarepan
Nutup kudhuping kekembangan
Iki babad wedhi pasir
Pines ganda aruming mawar
Rarsing dhadha kumesar

Karipta dening
Nurochman Sudibyo YS

Terima Kasih Untuk Semua Pengunjung/Pembaca KhaZaAm. Semoga Bermanfaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar