Getih-getih tumetes


Getih-getih abang ngatirah
Tumetes jroning lemah
Dhadha jangga tinembus mimis
Bangke gumlethak ngganda amis
Swara ocehan manuk gagak
Lan kumlebete gendera setengah cagak
Paweh peling lan pakurmatan
Marang para pejowang kang sowan kasidan
Getih-getih abang kang muncrat saka dhadha
Iku tenbus dening mimis senjata angkara
Lan slempange gendera abang putih
Minangka seksi kang sedhih
Yen pejowang 45 wis melu andhil
Maju tawur tanpa bedhil
Nbuktikake tresna bangsa lan negara
Tanpa pamrih senadfyan uripe papa cintraka
Apa wis kok cathet dadi sejarah
Katulis nganggo getih lan manah
Apa nganggo mangsi emas
Kang luwih aji lan bregas
Ackh, ora perlu kadang, ora perlu kakang
Aja kok  tulis sajroning kertas garis
Kang mujudake cathetan lamis
Aja, tenan aja, aja, tenan aja
Mung cathetan wae nganggo kidhung ati
Yen bangke-bangke mau rabuke pahlawan sejati
Lan getih-getih abang terus tumetes mili
Nelesi bumi pertiwi
Pathok-pathok iku panggah bisu
Minangka seksi yen urip iki bakal mati
Nanging tumetesing getih terus mili sajroning dhadha
Para mudha kang nyidam kamardikaning negara

Terima Kasih Untuk Semua Pengunjung/Pembaca KhaZaAm. Semoga Bermanfaat

1 komentar:

  1. Terima kasih mengingatkan saya akan geguritan ini yang pernah saya bawakan tahun 1988 sebagai juara 1,sangat berkesan ketika agustusan.

    BalasHapus