Bekti Mring Indung


Sangang sasi
Indung garbeni . . .
Dite pon wutahing ludiro lan tirta suci
Pratanda jabang bayi kang dienteni bakal teka . . .
Jurit iku tumrap jalma putri
Kanti marta bisa unggul
Jurit iku, tanpa pamrih . . . !
Mung ngesti, mugo aku bisa dadi palupining lian
Indung . . .
Juritmu nirmala
Iku kanggo tuladha ningsun
Tansah bekti mring nira . . .
Indung . . .
Mugo ningsundadi kartika nira
Kanti prndekaring bangsa

Karipta dening
Setyowati

Terima Kasih Untuk Semua Pengunjung/Pembaca KhaZaAm. Semoga Bermanfaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar