Ibu pertiwi duh kita (ibu pertiwi berduka)


Bumi gonjang ganjing, luh tumetes nelesi bantala
Mendhung angendhanu hanutupi sumilaking mego
Ibu pertiwi nandhang papa duhkita
Merga bebaya nempuh saindhening nuswantoro
Banjur . . . iki salahe sapa . . .?
Banjir bandfhang kang sinandhung
Bandha donya kerut nyawa padha katut
Mergo alase entek kababat manungsa kang srakah
Lindhu gedhe kasusul tsunami kang nambah gawe
Ombak gumulung nggiles bumi ing sak kiwe tengene
Iba susahe kang dadi korbane
Salang tunjung mburu slamete dhewe
Sanak sadulur ilang nora ketemu larine
Duh gusti kang moho wiken . . .
Punikom pepeling punopo ukuman . . . ?
Geneya INDONESIA dados negari kang tansah nandhang ujian . . . ?
Napa sampun garis pesthi Paduka
Utawi mergi polah tingkah poro manungsa . . .
Ingkang sampun damel risak lumahing bawana
Njalari ibu pertiwi nandhang duhkita . . .

Terima Kasih Untuk Semua Pengunjung/Pembaca KhaZaAm. Semoga Bermanfaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar