Wutah Getihku


Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah Sunara bagaskara
Padhang sumilak hanelahi jagad nuswantoro
Bumim pusaka wus kawentar
Kawulamu . . .
Guyub rukun anyambut kardi
Jroning swasana tentrem lan mardika
Gliging tekad manunggal
Cumithak jroning ati
Bebarengan ambangun
Aku liula . . .
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili
Netes ing bumi pertiwi
Label raharjaning negara
Limantar iki . . .
Isining atiku ginurit
Presetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan
Kanggo wutah getihku

Kaript dening
Mahardiono wuryantoro

Terima Kasih Untuk Semua Pengunjung/Pembaca KhaZaAm. Semoga Bermanfaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar